MANGUNDIWANGSA

Dening: Muhammad Siswoyo

Cahya nyorot têrang
Hamadhangi pagêlaran
Gangsa, blencong twin wayang
Tansah tinata kanthi rerenggan

Ana wayang bundêr sêr
Raga jiwa katon sêgêr
Netra gêdhe kadya tempeh
Lumrahing ambêg sareh

Bagong ngarannya
Uga sinêbut Mangundiwangsa
Punakawan Jawa Wetan
Tansah guyu lan bêgejekan