• University
  • Academic Portal
  • University Library
  • Webmail
  • Arnawa
  • UM UGM
  • English
    • Bahasa Indonesia
    • English
Universitas Gadjah Mada Javanese Language, Literature, and Culture Program
Department of Language and Literature
Faculty of Cultural Sciences
Universitas Gadjah Mada
  • Home
  • Profile
    • Vision & Mission
    • Objective
    • Excellence
    • Career Prospects
    • Teaching Staff
  • Academic
    • Curriculum Flow
    • Courses Description
    • Distribution of Courses
    • Academic Calendar
    • COURSE AND ADMINISTRATION INFORMATION
    • Learning Outcomes
    • INTERNATIONAL CONFERENCES AND ACTIVITIES
  • KPPB
    • Collaboration
    • Research
      • Teaching Staff Research
      • Javanese Studies Archive – Arnawa
    • Service
      • Community Services
      • Podcast (Anarka Lālitya)
    • Scholarship
  • Student Affair
    • Student Satisfaction Survey
    • HMJ Kamastawa
    • Student’s Activity
    • Student’s Creations
    • Youtube Channel
    • Instagram
  • Alumnus
    • Alumnus Profile
  • Contact
  • Home
  • Cerkak
  • YOUTUBER KONDHANG

YOUTUBER KONDHANG

  • Cerkak, College Student, Student's Work
  • 15 September 2023, 10.35
  • Oleh: haryountoro
  • 0

Dening: Yulian Pamungkas

      Ing Kutha Tulungagung ana bocah enom jenenge Agus. Urip wong loro karo ibune, amarga bapake wis seda nalika agus isih SD. Agus duwe kanca cedhak, jenenge Ipan. Agus dadi bocah kang bodho lan nakal. Dheweke duweni pakulinan seneng balapan liar saben bengi lan yen menang dheweke seneng ngentekake dhuwit kanggo mendem. Senajan Agus kuwi bocahe nakal, nanging dheweke isih sembada, amarga katrampilane bisa agawe dheweke kapilih dadi pasarta lomba makili Kutha Tulungagung lan menang ing kancah balapan montor Provinsi Jawa Timur. Agus duweni akeh prestasi saka balapan masiya dheweke ora tamat anggone sekolah.
      Ing taun 2020 sak dunya kena pageblug Corona. Kabeh kagiyatan akeh sing dibatalke lan akeh para buruh uga karyawan kang dipecat saka papan pagaweyane. Agus bingung amarga dheweke nganggur ora duwe bayaran. Agus biasane oleh dhuwit saka balapan lan nyambi ngewangi tanggane giling tebu.
      “Gus, Ibuk ora bisa nempur amerga dhuwit olehmu menehi wis entek.” sambate ibune Agus.
      “Banjur kepiye Buk? Njuk ora bisa madhang dina iki?” Agus mangsuli ibune.
      “Ya ora bisa Gus, coba mubenga, goleka panggaweyan supaya ana dhuwit kanggo nempur.”
      “Nggih Buk.”
      Agus mubeng desa, takon-takon panggaweyan marang tangga lan kancane. Muspra, kabeh sing ditakoni Agus padha ora bisa menehi panggaweyan. Agus leren ing pos rondha cedhak omahe. Ing pos rondha kono ya ana Ipan.
      “Seka ngendi Gus kok sajake ketok kesel?” takone Ipan.
      “Golek panggaweyan Pan, kowe saiki kerja apa?” Agus genti takon.
      “Halah padha wae Gus, teplok covid-19 kae ya rung ana gaweyan maneh.” wangsulane Ipan
      “Lha terus apa solusimu?” Agus takon menyang Ipan.
      “Mbuh ya, apa coba adewe mara ning omahe Modin, menawa dheweke ana solusi.” wangsulane Ipan.
      “Sip, yoh lek ngono, saiki wae ya ndak kesoren.”
      Agus lan Ipan banjur budhal menyang omahe Modin. Tekan omahe Modin, Agus lan Ipan langsung sambat yen lagi susah ora duwe panggaweyan.

      “Din, kowe duwe panggaweyan kanggo aku ro Ipan ora? Apa wae aku gelem tinimbang blas ora kerja.” sambate Agus.
      “Hooh Din, nyuwun tulung banget iki, makku karo make Agus wis ora kuat nempur.” Ipan ngimbuhi.
      “Piye ya Gus, Pan. Pancen iki jamane angel. Aku dhewe ya bingung karo kahanan sing kaya saiki.” wangsulane Modin.
   “Wis ta Din sembuarang pokoke, tinimbang ra ana blas mengko makku malah tambah ngamuk yen aku ora oleh panggawean.” Ipan ngeyel.
      “Yawis-yawis. Sakjane aku kepingin bangun channel youtube.” Modin mangsuli.
      “Ha piye kuwi, youtube ki kepiye?” Agus takon merga bingung.
      “Sik ta Gus, aja nyela sek ben dijlentrehake karo Modin.” Ipan nyeneni Agus.
      “Dadi adewe gawe video drama kehidupan ngono, njuk mengko diunggah ning youtube. Mengko yen akeh sing nonton adewe isa oleh dhuwit teka youtube.” wangsulane Modin.
      “Oke siap, gasss pokoke.” Agus sarujuk.
      “Aku ya sarujuk.” Ipan sarujuk.
     “Tapi ana syarate, yaiku kowe-kowe kabeh kudu leren lek mendem karo main judi. Dhuwite kudu dicelengi saengga yen kepthuk kahanan angel kaya ngene iki isih ana dhuwit.”
      “Iya, siap laksanakan bos.” wangsulane Agus karo Ipan bareng.
      Agus, Ipan, lan Modin awit anggone gawe video. Senajan mung nganggo piranti sak anane tapi dheweke padha tlaten. Katlatenan iku mau duweni asil, yaiku video-ne Agus lan Ipan viral. Modin minangka sutradara, produser, lan kameramen ya ora keri melu kondhang amarga pakaryane sing apik banget. Agus lan Ipan saya suwe saya kondhang lan akeh omah produksi film sing padha ngajaki main film bioskop. Modin yo semana uga dadi sutradara kang kondhang ning Indonesia.

Recent Post

  • The Challenge Facing Young Puppeteer Rafi Nur Fauzy in Performing Wayang Gedhog on National Puppetry Day
    December 4, 2025
  • HMJ Kamastawa Grand Meeting: Wreksi Pinandhita Elected as Chairperson for the 2026 Term
    December 4, 2025
  • Exploring the Types and Meanings of Sesajen Culture in the Javanese Language, Literature, and Culture Study Program Workshop
    November 28, 2025
  • Comparative Study of Javanese Literature at UNNES and Javanese Language, Literature, and Culture at UGM: Strengthening Friendship and Collaboration for Sustainable Javanese Culture
    November 13, 2025
  • Discussing the Relevance of Javanese Literature Today in Javanese Literature History Lectures
    November 11, 2025

Calender

January 2026
M T W T F S S
 1234
567891011
12131415161718
19202122232425
262728293031  
« Dec    
  • Fakultas Ilmu Budaya
  • Ujian Masuk UGM
  • PPSMB
  • Alumni
  • Jurnal Humaniora
January 2026
M T W T F S S
 1234
567891011
12131415161718
19202122232425
262728293031  
« Dec    

News

  • The Challenge Facing Young Puppeteer Rafi Nur Fauzy in Performing Wayang Gedhog on National Puppetry Day
    December 4, 2025
  • HMJ Kamastawa Grand Meeting: Wreksi Pinandhita Elected as Chairperson for the 2026 Term
    December 4, 2025
  • Exploring the Types and Meanings of Sesajen Culture in the Javanese Language, Literature, and Culture Study Program Workshop
    November 28, 2025
Universitas Gadjah Mada

Javanese Language, Literature, and Culture Program
Department of Language and Literature
Faculty of Cultural Sciences
Universitas Gadjah Mada

 

Sosiohumaniora St., Bulaksumur, Yogyakarta
Telp : 0274-901134 Ext. 110, Fax : 0274-550451, WhatsApp : 081211911281
Email : nusantara@ugm.ac.id

© 2025 Javanese Language, Literature, and Culture Program FIB UGM

KEBIJAKAN PRIVASI/PRIVACY POLICY