Dening: Anggra Dini
Ing sawijining dina, Sinta Dewi, Mbakyu ku sing paling ayu dhewe, ngajak aku menyang daleme Budhe Rini kanggo nyuwun ajar matematika. Mbak Sinta pancen lare sing pinter, dheweke mesthi pikantuk biji sing apik. Saiki Mbak Sinta wis paring yuswa 18 taun. Dheweke sekolah ing SMA 1 Mlati.
“Tika, ayo melu mbak menyang daleme Budhe Rini.” dhawuhe Mbak Sinta.
“Mangga Mbak Sin, aku ndherek Mbak Sinta. Nanging, ana apa Mbak kok kesah daleme Budhe?” pitakonku.
“Mbak kepingin nyuwun warah saka Budhe Rini, amarga biji matematika Mbak wingi mudhun.” wangsulane Mbak Sinta.
“Nggih Mbak, mangga, aku ndherek Mbak Sinta wae.” clathuku.
“Aja lali gawe jaket ya Tik, amarga awakedhewe bakal bali bengi. Mbak ya uwis matur marang Bapa karo Ibu yen awakedhewe menyang daleme Budhe Rini.”
“Siap Mbak Sinta.”
Dadi adhine Mbak Sinta pancen nyenengake. Dheweke apikan, pangerten marang adhine, lan luhur budine. Ananging, kadhang aku mesakake marang slirane. Saben dina kudu sinau lan ajar bab kang durung bisa dimangerteni supaya ora didukani bapa lan ibu, lan bisa maringi tuladha sing apik marang adhine. Dadi Mbak Sinta pancen ora gampang, ananging dheweke bisa ngadhepi sakabehing prakara.
Aku lan Mbak Sinta pancen cedhak saka cilik amarga ibu lan bapa nyambut dadi dosen ing Universitas Gadjah Mada, saengga wekdal sing diduweni bapa lan ibu ing omah mung wanci bengi lan nalika prei. Masiya ing omah mung wanci bengi lan nalika prei, ananging bapa lan ibu saestu tresna marang aku lan Mbak Sinta. Apa wae sing dibutuhake putrane mesthi disedyakake. Nanging bapa lan ibu duweni pangajab kanggo putrane. Apa wae sing uwis diparingake kuwi ya kanggo paring semangat ing laku ngangsu kaweruh. Aja nganti kabeh sing wis diparingi malah ndadekake lena ing laku.
Nalika teka ing daleme Budhe Rini, Mbak Sinta sinau kanthi setiti. Ing kono aku ya ora mung meneng wae, ananging uga melu ngangsu kaweruh.
“Assalamualaikum Budhe Rini, kula Sinta lan Tika, Budhe.” Mbak Sinta uluk salam nalika teka.
“Waalaikumsalam Ndhuk, ayo mlebu rene.” Budhe Rini ngutus aku lan Mbak Sinta mlebu daleme Budhe.
“Inggih Budhe.”
“Kok dingaren ora karo Bapa lan Ibumu, durung pada bali apa kepiye?” pandangone Budhe Rini.
“Inggih Budhe, Bapa lan Ibu dereng kondur, saengga kula kaliyan Dhik Tika sowan piyambak.” wangsulane Mbak Sinta.
“Woalah mangkono ta, yawis dimimik dhisik kuwi es sing wis dak siapake, enak lho kuwi, Budhe dhewe sing gawe.” ngendikane Budhe Rini.
“Inggih Budhe, kula mimik nggih.” celathuku.
“Iya wis ta, yen kurang dak gawekake maneh.”
Sawise mimik es sing wis digawekake Budhe Rini, Mbak Sinta nyuwun ajar bab matematika sing durung bisa dimangerteni dening Mbak Sinta. Aku uga melu sinau lan ajar bab matematika. Budhe Rini pancen wasis bab matematika, amarga dheweke lulusan S3 matematika.
“Budhe, badhe nyuwun pirsa, menika kok saged pikantuk asil sekawanlikur kados pundi nggih Budhe?” Mbak Sinta tangklet marang Budhe Rini.
“Sik-sik, dak delenge soale ya Ndhuk… Oalah, ngene lho iki, kene Budhe nyuwun kertas sing isih durung ana isine.”
“Mangga Budhe kertasipun.” wangsulane Mbak Sinta.
……
“Ngono Ndhuk cara mangsuli soale kaya ngono. Saiki coba dijajal soal sing padha ya.” ngendikane Budhe Rini marang Mbak Sinta.
“Inggih Budhe, siap.”
“Budhe, kula inggih badhe nyuwun ajar bab matematika menika, kula mboten saged nggarap lho Budhe.” celathuku marang Budhe Rini.
“Kene-kene Ndhuk cah ayu, kaya apa ta angele kok ponakane Budhe iki ora bisa mangsuli?”
“Woalah, iki carane kaya ngene lho Ndhuk, digatekake yaa.”
……
“Woalah makaten Budhe, kok gampil nggih hehehe.”
“Lha iya ta, Tika mung kurang setiti wae nalika ngerjakake. Mula kudu luwih setiti ya. Wis kono dijajal soal sing liyane.”
“Inggih siap Budhe.” celathuku.
Sawise ngangsu kaweruh menyang Budhe Rini, aku lan Mbak Sinta pamit arep mantuk amarga ya uwis bengi.
“Budhe, kula kaliyan Dhik Tika pamit wangsul nggih, benjing kula kaliyan Dhik Tika sowan daleme Budhe malih.” Mbak Sinta pamit marang Budhe Rini.
“Iya Ndhuk, cah ayu ayu. Ati-ati ya yen bali. Aja lali ngajak bapa lan ibumu ya yen arep rene. Budhe uga titip salam kanggo bapa lan ibumu ya.”
“Inggi Budhe, siap. Pamit rumiyin nggih Budhe. Assalamualaikum.”
“Waalaikumsalam Ndhuk.”
Aku lan Mbak Sinta gegojegan ing sadawane dalan, ananging ana salah sawijining tuladha sing agawe aku trenyuh.
“Mbak Sinta dhek mau maeme akeh apa ora?”
“Ora Tik, Mbak Sinta mung maem saithik, amarga masakane Budhe Rini pedhes hehe.”
“Aku ya iya e Mbak, Tika kepingin tuku ayam kentaki ing cedhak omahe awake dhewe, Mbak Sinta kersa ora?” pitakonku.
“Wah ayo wae Tik. Sarujuk Aku.”
“Yeay, mangga Mbak.”
“Woiya Dhik, Mbak Sinta duwe pesen kanggo Tika.”
“Apa Mbak?”
“Saka Mbak Sinta, Tika kan ngerti yen saya suwe lan saya dhuwur olehe ngangsu kaweruh kuwi saya angel lakune. Mbak Sinta pesen marang Tika, kudu tetep bisa lumaku ing dalan sing bener, aja nganti gawe duka bapa lan ibu. Tika kudu bisa dadi lilin putih ing satengahing pawongan akeh.”
“Lilin putih? Tika ora ngerti maksud ngendikane Mbak Sinta?”
“Maksude lilin putih kuwi kaya ngene lho Tik, awake dhewe kudu bisa dadi pawongan sing bisa migunani kanggo liyan. Kapinteran sing kok duweni kuwi kudu bisa migunani uga kanggo awakmu utawa kanggo liyan. Aja dadi bocah pinter sing kuminter.”
“Terus lilin putih kuwi kepiye Mbak?”
“Maksude mangkene, awake dhewe kudu bisa dadi lilin putih sing migunani, masiya cilik, dheweke bisa madhangi panggonan sing peteng. Wis ngerti saiki?”
“Woalah nggih Mbak Sinta, Tika ngerti apa maksud ngendikane Mbak Sinta. Yen Mbak Sinta kersa, Tika nyuwun Mbak Sinta terus paring piwulang ya yen Tika rumangsa kangelan utawa Tika ana salah.”
“Iya Dhik, Mbak Sinta kan tresna marang Tika. Mbak Sinta bakal terus ngelingake Tika yen Tika salah lan bakal ngancani Tika yen Tika butuh Mbak Sinta.”
“Matur nuwun Mbak Sinta.”
Kaya sing uwis dak critakake, Mbak Sinta pancen uwong sing apikan lan tresna marang adhine. Mula kuwi, ora mokal yen akeh uwong seneng marang budi luhur sing diduweni Mbak Sinta. Saka Mbak Sinta, aku nyinau akeh bab ing laku salaku.
---Cunthel---