PANGKUR

Dening:  Hafidh Ahmad

Miwiti pangkur kang sekar

Mula buka isi alam sakalir

Samodra darat lan gunung

Langit uga akasa

Kabeh mau ciptaning kang Maha Agung

Kalebu uga manungsa

Makhluk dharat lan jaladri

 

Kabeh mau wus cinipta

Kang minangka kanggo makhluk sakalir

Iku kodrate ywang Agung

Samya mat sinamatan

Janma kewan watu uga tanem tuwuh

Janma ingkang pinasrahan

Lestarining alam kabir